Tiyang-tiyang sami kothekan lesung ing wanci grahana.


Tiyang-tiyang sami kothekan lesung ing wanci grahana.

 

Rahu, Sirah Kala Rahu, grahana srengenge, grahana bulan, gerhana matahari, gerhana bulan, Bathara Surya, Bathara Soma, Bathara Wisnu, Cakra, tirta amreta, S Padmosoekotjo, Christoper Dewa Wardana, Faizal Noor Singgih, ringgit wacucal Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.

 

Rahu iku dudu jinising sura, nanging asura. ( A = ora, dudu. Sura = dewa. Asura = dudu dewa, kalebu jinising raseksa, daitya utawa danawa ). 

Rahu iku banget sengit ngigit-igit marang Bathara Surya (dewaning srengenge) lan marang Bathara Soma (dewaning rembulan). Awit saka iku, srengenge lan rembulan kerep diuntal dening Rahu, njalari anane grahana. Wondene mula bukane Rahu sengit ngigit-igit marang dewaning rembulan lan srengenge, mangkene : 

Nalika para dewa lagi padha ngunjuk tirta amreta, Rahu memba warna dewa, banjur momor sambu karo para dewa, milu ngombe tirta amreta. Sajrone Rahu lagi ngombe tirta amreta, kepriksan dening Bathara Surya lan Bathara Soma. Bab iku dilaporake dening dewa loro mau marang Bathara Wisnu. Kanthi kebat-cukat prasasat kilat, Bathara Wisnu tumuli amusthi sanjata cakra ditamakake marang Rahu. 

Thel !  Amarga ketenggel sanjata cakra, janggane Rahu tugel tigas pancing. Nanging ing wektu iku, tirta amreta kang diombe wis tekan ing tenggake Rahu. Dadi endhase Rahu wis kalis ing pati. Gembunge Rahu tiba ing bantala, swarane gumebrug pindha gunung jugrug. Wondene endhase kang prasasat sagunung anakan gedhene, banjur nglayang ing awang-awang, ngoyak-oyak rembulan lan srengenge. Manawa srengenge utawa rembulan nganti kecandhak dioyak Rahu, mesthi banjur diuntal, njalari anane grahana. 

Miturut gugon-tuhon, gembunge Rahu iku sawise tiba ing lemah banjur dadi lesung. Awit saka iku, manawa pinuju ana grahana srengenge utawa rembulan, wong-wong padha nabuh lesung. Miturut kapracayane wong-wong, nabuh lesung wola-wali iku padha bae karo nggebugi gembunge Rahu. Amarga gembunge digebugi, sirahe Rahu banjur mumet met-metan, satemah enggal-enggal ngletehake rembulan utawa srengenge kang diuntal.

( Katedhak saking kapustakan “ Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita jilid 1 “ seratanipun S Padmosoekotjo terbitan CV Citra Jaya, Surabaya tahun 1979 = cetakan sepindah, kaca 135 ~ 136.  Sakmangke sampun mboten kacithak malih ).

Yen ngersakaken ngundhuh gratis ‘ebook’ ipun, sumangga :
Jilid 1 : https://wayangpustaka02.wordpress.com/2011/06/15/122/ 

Jilid 2: https://wayangpustaka02.wordpress.com/2011/06/15/ebook-silsilah-wayang-purwa-mawa-carita-jilid-2-karya-s-padmosoekotjo/

Jilid 3 : https://wayangpustaka02.wordpress.com/2011/06/15/ebook-silsilah-wayang-purwa-jilid-3-karya-s-padmosoekotjo/

 

Katrangan gambar lan foto :

Gambar paling nginggil karyanipun mas Christoper Dewa Wardana ingkang sakpunika lenggah ing San Franscisco, Amerika Serikat.

Foto ngandhap punika foto ringgit wacucal Sirah Kala Rahu kagungan dalem Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Foto saking mas Faizal Noor Singgih, Yogyakarta.

 

Kaserat ing Jakarta, 16 Juni 2011
Budi Adi Soewirjo

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: