Wujuding Kawruh Jiwa, wejangan Ki Ageng Suryomentaram.


kawruh jiwa, kawruh pangawikan pribadi, Ki Ageng Suryomentaram, wejangan Ki Ageng Suryomentaram, ajaran Ki Ageng Suryomentaram, falsafah Jawa, Kejawen

 

Pengantar dari Admin Wayangpustaka :

Kebetulan Admin pernah berselancar dan masuk ke suatu blog yang salah satu halamannya menceritakan pengalaman seseorang yang mengikuti diskusi kelompok membicarakan Kawruh Jiwa. Admin berpikir tulisan di blog tersebut berkaitan dengan salah satu ebook yang disajikan di Wayangpustaka ini, jadi ada baiknya keberadaan tulisan tadi diwartakan isinya dan alamat URL nya. Semoga bermanfaat bagi yang membutuhkan.

Salam,
Admin Wayangpustaka

 

 

Wujuding Kawruh Jiwa
Nopember 2009

http://tedjatirta.blogspot.com/2009/11/wujuding-kawruh-jiwa.html

Kawruh jiwa, ingkang dipun sinau dening kula sakanca, punika kawruh bab jiwa. Jiwa punika peranganing tiyang ingkang boten kasatmata lan raga punika peranganing tiyang ingkang kasatmata. Mila jiwa punika boten kacepeng ing panca indriya.

Sanajan jiwa punika boten kasatmata, nanging tiyang kraos dhateng jiwa wau, kados dene anggenipun kraos dhateng sakit, dhateng susah lan sapanunggilanipun. Awit saking kraos, mila tiyang punika ngakeni, yen jiwa punika wonten. Mila jiwa punika raos.

Dados kawruh jiwa punika kawruh raos. Kawruh jiwa punika dede agami lan dede wulangan awon-sae, ingkang ngangge pepacuh “Aja mangkono lan kudu mangkono” lan dede lampah-lampah utawi sirikan. Dados kawruh jiwa punika kawruh, ingkang meruhi dhateng jiwa lan sawateg-wategipun, kados dene kawruh kewan lan kawruh tetaneman lan sapanunggilanipun, lan sawateg-wategipun.

Kawruh jiwa punika kawruh ingkang murugaken beja, beja ingkang mardika, tegesipun boten gumantung dhateng papan, jaman, lan kawontenan, Kawruh jiwa punika boten murugaken sugih, boten murugaken angsal pangkat lan boten murugaken angsal panguwasa. Mila yen tiyang sinau kawruh jiwa kanthi gegayuhan supados sugih, supados angsal pangkat lan supados angsal panguwasa, punika angsal-angsalipun kacelik.

Sarehne kawruh jiwa punika kawruh raos, mila sinau kawruh jiwa punika sinau raosipun piyambak. Raosipun piyambak punika awakipun piyambak. Mila meruhi raosipun piyambak punika meruhi awakipun piyambak.

Dados kawruh raos punika kawruh awakipun piyambak. Kawruh awakipun piyambak punika dipun sebut pangawikan pribadi. Dados pangawikan pribadi punika murugaken beja.

Pribadi ing ngriki boten teges pribadi ingkang muluk-muluk, nanging pribadi awakipun piyambak ingkang padamelanipun mikir punapa-punapa, kraos punapa-punapa, lan kapengin punapa-punapa. Tiyang punika boten saged angsal pangawikan pribadi saking tiyang sanes, saking buku utawi saking guru, nanging namung saking awakipun piyambak. Mila tiyang punika boten saged mucal dhateng tiyang sanes, prakawis pangawikan pribadi.

Sinau pangawikan pribadi punika dipun wiwiti samangke, ing ngriki lan wonten ing kawontenan kados makaten, (saiki, kene, ngene) nanging boten wingi lan sesuk, boten rika lan boten ngono. Tegesipun sinau pengawikan pribadi punika dipun wiwiti saking samangke ing ngriki awakipun piyambak punika kepengin punapa, tumindak punapa, mikir punapa lan kraos punapa. Yen sampun pinanggih lajeng dipun tliti tegesipun, tegesipun penginanipun piyambak, tegesipun tindakipun piyambak, tegesipun pikiranipun piyambak, lan tegesipun raosipun piyambak.

Ing ngriki katawis angelipun sinau kawruh jiwa, jalaran teges-teges wau wonten ingkang ngaling-alingi. Yen aling-aling wau dereng dipun sumerepi, tiyang boten saged sumerep dhateng teges-teges wau.

Aling-aling wau wujud tempelan teges saking awakipun piyambak. Tiyang punika nempeli teges dhateng raosipun piyambak lan tempelan teges wau dipun kinten tegesipun raosipun. Yen tempelan teges wau konangan anggenipun tempelan, tiyang lajeng sumerep tegesipun raosipun piyambak.

Dene contonipun makaten. Upami tiyang nyrengeni (nesoni) anakipun, jalaran anak wau boten minggah klas wonten ing sekolahanipun. Tiyang wau boten sumerep tegesing nesunipun piyambak, jalaran kaling-kalingan tempelan teges saking awakipun piyambak, jalaran awakipun piyambak nempeli teges dhateng nesunipun piyambak.

Tempelan teges punika raosipun makaten, “Aku nesoni anakku, supaya anakku sregep sinau, supaya wasis, supaya becik.” Tempelan teges wau raosipun ingkang pokok: “Supaya becik.” Dados tempelan teges wau dede tegesipun nesunipun piyambak, boten nyata boten nalar.

Tempelan teges wau ngemot pamanggih, yen nesu punika murugaken sae. Pamanggih wau lepat. Mila pamanggih wau boten saged dipun tindakaken.

Yen srengen punika murugaken sae, tiyang lajeng gampil lan rikat damel sae datheng tiyang kathah. Tiyang lajeng dhateng peken lan lajeng nyrengeni tiyang sapeken, lan tiyang sapeken lajeng dados sae. Kados makaten salajengipun, engga pinten-pinten dinten.

Kados makaten tempelan teges anggenipun boten nalar. Yen tempelan teges punika konangan, tiyang lajeng sumerep tegesipun nesunipun piyambak. Dene terangipun makaten. Tiyang, anggenipun ngajeni anakipun, punika kangge tandhon pensiun lan garan moncer. Tiyang punika boten tresna boten punapa dhateng anakipun. Ingkang asring dipun wastani tresna, punika raos gesang perlu lestantuning jenis.

Nalika anak taksih alit dipun jagi dening tiyang sepuhipun, supados anak wau lestantun gesang. Nanging yen sampun diwasa anak wau dipun ajak tukaran lan tukaran punika kalairaning sengit.

Dados tiyang punika namung rewa-rewa tresna dhateng anakipun.

Rewa-rewa tresna wau ugi tempelan teges. Yen rewa-rewa tresna punika konangan, yen dede tresna estu, tiyang lajeng sumerep raosipun piyambak anggenipun ngajeni anakipun, inggih punika kangge tandhon pensiun lan garan moncer. Mila tiyang punika boten saged ngraosaken raosipun anakipun, jalaran kaling-kalingan gegayuhanipun, inggih punika tandhon pensiun lan garan moncer.

Tandhon pensiun punika raosipun makaten, “Yen anakku wasis lan duwe ijazah dhuwur lan duwe jabatan dhuwur lan duwe pametu dhuwur lan yen aku wis tuwa lan wis ora bisa nyambut gawe lan isih butuh mangan lan isih butuh wuwuh bojo, banjur anakku mensiun aku.”

Garan moncer punika raosipun makaten, “Yen anakku ijazahe dhuwur lan jabatane dhuwur, aku katut dhuwur.”

Mila wonten nggen sesrawungan tiyang punika raosipun ngumukaken anakipun makaten, “Punika anak kula ingkang sekolah wonten ing STT, lan kakangipun dados hakim wonten ing Kalimantan lan mbakyunipun dados dokter wonten ing Makasar.”

Yen sampun sumerep dhateng raosipun piyambak anggenipun ngajeni dhateng anakipun, tiyang lajeng sumerep dhateng tegesipun nesunipun piyambak dhateng anakipun, ingkang boten minggah klas wau. Tegesipun nesu wau makaten, “Aku nesu menyang anakku olehe ora munggah klas. Jalaran kaplesed gegayuhanku tandhon pensiun lan garan moncer lan aku ngluputake anakku olehe mlesedake, lan aku ora ngluputake aku dhewe olehku nggayuh-nggayuh. Dados tegesipun nesunipun piyambak wau nyata, mila nalar.

Yen tiyang kaplesed gegayuhanipun, mangka lajeng nesu, punika runtut miturut aturan alam wonten nggen sebab lan kedadosan. Kosok wangsulipun tiyang tresna, teka nesu dhateng ingkang dipun tresnani punika boten runtut, jalaran nesu punika asalipun saking kabodhoan lan tresna punika asalipun mangertos raos. Dados nesu punika bodho.

Yen sampun sumerep dhateng tegesipun nesunipun piyambak dhateng anakipun ingkang boten minggah klas, tiyang lajeng sumerep raosipun anakipun, ingkang sami plek kaliyan raosipun piyambak. Jebul anak punika anggenipun ngajeni dhateng tiyang sepuhipun ugi kangge garan moncer lan prabot kangge nyekapi butuhipun. Dados raosipun anak lan tiyang sepuhipun punika sami.

Sumerep raos sami kados makaten punika raosipun dhame. Raos dhame kados makaten punika raos tresna utawi sih ingkang tanpa wates lan tanpa sarat. Dados yen tegesipun nesu punika dipun sumerepi, raos nesu punika sirna lan lajeng lair raos sih ingkang tanpa wates lan tanpa sarat.

Yen sampun kraos dhame, sanajan tiyang punika nyrengeni anakipun ingkang boten minggah klas, nanging anggenipun nyrengeni raosipun dhame. Nyrengeni dhame punika cocok raosipun lan ungelipun, inggih punika raosipun makaten: “Bocah, dianggo tandhon pensiun lan garan moncer, teka mlesedake lan banjur mbesuke sapa sing mensiun aku lan sapa sing dak anggo garan moncer, mangka moncerku dhewe wis bobrok.” Kados makaten wujudipun srengen dhame.

Kosok wangsulipun srengen boten dhame punika srengen ingkang wujudipun, ungelipun raosipun boten cocok. Srengen boten dhame punika raosipun makaten, “Bocah diperdi sregep sinau bae, teka ora gelem. Mangka yen wasis, kuwasisane iya dialap dhewe lan aku ora melu ngalap apa-apa.” Lo, rak boten cocok ungelipun lan raosipun.

Yen anakipun wasis, awakipun piyambak rak moncer. Punapa moncer punika dede punapa-punapa? Kados makaten wujudipun srengen boten dhame.

Yen sadaya raosipun piyambak dipun tliti tegesipun engga pinanggih, tiyang lajeng kraos dhame utawi kraos beja. Kados makaten wujudipun kawruh jiwa, ingkang dipun sinau dening kula sakanca. Dados kawruh jiwa punika boten murugaken punapa-punapa kajawi kraos beja.

Gegrombolan sinau kawruh jiwa punika dede pakempalan, mila boten wonten pengurus lan warga, boten wonten arta pangkal lan iuran, boten wonten anggaran dasar lan anggaran rumah tangga, dados boten wonten ikatan punapa-punapa. Dene ingkang wonten namung panitiya kawruh jiwa (PKD), PKD punika namung alamat kangge nggampilaken sesambetan.

Namung samanten atur kula.

Nuwun.

*****

Tambahan dari Admin Wayangpustaka :

Materi yang berkaitan dengan tulisan di atas :

1.

Ebook “Kawruh Jiwa Jilid 1. Wejanganipun Ki Ageng Suryomentaram” :
https://wayangpustaka02.wordpress.com/2012/02/19/ebook-kawruh-jiwa-jilid-1-wejanganipun-ki-ageng-suryomentaram-kaimpun-dening-grangsan-suryomentaram-dr-1989/

2.

Buku “Tokoh-tokoh Kejawen. Ajaran dan Pengaruhnya.” Karya Hadiwijaya, 2009. Salah satu tokoh yang diulas dalam buku ini adalah Ki Ageng Suryomentaram
https://wayangpustaka02.wordpress.com/2012/02/18/buku-tokoh-tokoh-kejawen-ajaran-dan-pengaruhnya-karya-hadiwijaya-2010/

3 responses to this post.

  1. […] « Ebook “Lima Karya Pujangga Ranggawarsita” oleh Kamajaya Wujuding Kawruh Jiwa. […]

    Reply

  2. […] Pohon Daftar Pustaka Wayang « Wujuding Kawruh Jiwa. […]

    Reply

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: