Buku ” NGURI-URI PARIBASAN JAWI ” karya Iman Budhi Santosa – [falsafah hidup orang Jawa]


.

buku NGURI-URI PARIBASAN JAWI karya Iman Budhi Santosa

buku NGURI-URI PARIBASAN JAWI karya Iman Budhi Santosa

.

Atur Pambuka dening Penulis Buku.

 

Menawa disetitekake temenan, wiwit kuna makuna saben bangsa (suku bangsa) mesti duwe paribasan dhewe-dhewe. Jalaran apa sing diarani paribasan, bebasan, saloka, pepindhan, apa dene isbat, mujudake unen-unen kang gedhe pigunane tumrap katentremaning masyarakat. Dhek semana katiyasane paribasan meh madhani ayat-ayat hukum utawa undhang-undhang ing jaman modern iki. Paribasan prasasat dadi paugeraning urip, angger-angger, kaca benggala, tuntunan murih ayem tentrem lan slamet anggone padha urip bebrayan. Mula ora maido yen nganti tekan semono guna paedahe, awit unen-unen pancen dudu ukara kang remeh-temeh utawa tetembungan kang mung dadi kembang lambe. Gelem ora gelem kudu diakoni yen paribasan iku ngemot pitutur, pepeling, lan ajaran adiluhung kang tuwuh saka pathi sarining agama, kapitayan, kabudayan, budi pekerti, lan adat tata cara kang tansah diugemi dening masyarakate.

 

Dadi ora nggumunake yen saben tlatah ing Indonesia nyimpen paribasan nganti atusan utawa ewon cacahe. Contone pirang-pirang. Wong Batak duwe paribasan : “Na dongol ni andung do ahu, na siak panomuan”. Tegese : Sapa sing tansah nangisi kemiskinane, bakal nanggung kasangsaran sajege urip. Wong Sunda duwe paribasan : “Manuk hiber ku jangjangna, jalma hirup ku akalna”. Tegese : Manuk mabur jalaran swiwine, manungsa urip saka akal budine. Wong Bali duwe paribasan : “Yen metengin tebu, kayang I padang ko pikolihina”. Tegese : Yen ngelebi tebu, suket sakiwa tengene uga bakal antuk berkah. Paribasan Bali mau isa uga ateges : Pitutur kang sejatine mung ditujukake kanggo sing njaluk, uga bakal murakabi tumrap sapa wae sing gelem ngrungokake. Ing Makassar ana paribasan : “Kakbiliki riolong kalemmu napunna pakrisik, pakrisik tonji antu ri tauna”. Tegese : Jiwitan awakmu, yen kowe krasa lara, wong liya semono uga.

 

Ora beda karo bangsa-bangsa liyane, para leluhur ing tanah Jawa uga wis ora karuwan cacahe anggone nyiptakake paribasan. Mung wae, kegawa saka owah gingsire jaman, basa, penguripan, lan kabudayan, akeh unen-unen kasng saiki kesilep, dilalekake, lan tundhobe dadi ilang muspra, ora mantra-mantra yen dhek semana paribasan, bebasan, saloka, apadene pepindhan mau wis asung panyengkuyung tumrap karaharjaning bebrayan agung. Miturut Dalil Prawirohardjo kang nulis buku Paribasan lan kababar dening penerbit Spring Ngayogyakarta udakara taun 1950-an, ngandhakake menawa paribasan Jawa nate diklumpukake lan ditulis dening C. F. Winter Sr. kanthi irah-irahan Zamenspraken II. Buku mau diterbitake dening Johannes Muller ing Amsterdam taun 1858.

 

Sawise kamardikan (lan sajake nganti seprene) kaya-kaya buku ngenani paribasan sing ditu;is nganggo basa Jaw ora saya mundhak, nanging malah suda. Apamaneh sing gelem ngonceki sithik rong ithik piwulang pitutur kang kaiket dening endahing basal an rasa kang luwes mentes, anggitane para winasis sing wis padha kudu ring jaman kelanggengan mau. Pancen, kabudayan Jawa wis akeh owah jalaran iline kahanan. Nanging yen ditliti kanthi premati, akeh rasa piker, gregety pathet, kapitayan, solah bawa, sing isih ’ngenggoni Jawane”. Isih mrentul saka tuk sumber ajaran kejawen sing rumesep ing kapribadene dhewe-dhewe.

 

Buku kanthi irah-irahan Nguri-uri Paribasan Jawi iki sengaja ditulis kanthi pengarep-arep, muga bisa melu urun nglestarekake paribasan masu. Jalaran kudu diakoni yen sejatine akeh paribasan sing isih relevan, isih mathuk, isih murakabi yen ditrapake ing jaman saiki. Apamaneh akeh paribasan Jawa kang sejatine ngemot pitutur adiluhung kang isine padha karo paribasan liya ing Nuswantara.

 

Mula, kena diarani antarane wong Minang, Sunda, Jawa, Bali, Dayak, Bugis, Sasak, lan sateruse, sejatine nduweni pikiran lan kapitayane sing padha. Basal an carane ngiket wae sing beda, nanging pathi sarine uga dadi roh tumrap paribasan Jawa. Murih gamang dingerteni dening sanak kadang sanjabaning rangkah kang kurang damang menyang basa Jawa, werdine paribasan ing buku iki uga tinulis nganggo basa Indonesia. Ing pangangkah, kanthi cara mengkono luwih akeh kang maca saengga nggampangake trubuse unen-unen anyar kang bakal dari pager-wewaler tumrap wong Jawa modern ing wektu saiki.

 

Pungkasaning rembug, penulis ngaturake gunging panuwun marang penerbit Intan Pariwara kang wis mbabar buku iki lan nyebar menyang para maos kabeh. Kejaba saka iku, muga-muga buku ini uga bisa dadi srana tumrap para siswa SD, SMP, lan SMA, anggone nyinaoni basal an kasusastran Jawa. Dene ana tuna dungkape atur, ana kurang pepak dan trepe anggone ngonceki paribasan ing buku iki penulis nyuwun adunging pangapura.

 

 

Klaten, Juli 2010
Penulis ( Imam Budhi Santosa )

 

 

Di atas adalah Atur Pambuka ( Kata Pengantar ) dari Imam Budhi Santosa di buku “ Nguri-uri Paribasan Jawi “.

 

Data buku :

 

Imam Budhi Santosa ; “ NGURI-URI PARIBASAN JAWI. “ ; Klaten ; penerbit Intan Pariwara ; 2010 ; Bahasa Indonesia.

 

 

 

Info Penebit:

PT. Intan Pariwara,
Jl. Ki Hajar Dewantara, Kotak Pos 111, Klaten 57438
Tel 0272 – 322441 , Fax : 0272 – 322607
email : intan@intanpariwwara.co.id

Layanan konsumen : 0272 – 3101515
email : cs@intanpariwara.co.id

.

.

Daftar Isi 1 buk NGURI-URI PARIBASAN JAWI karya Iman Budhi Santosa, penerbit Intan Pariwara.

Daftar Isi 1 buk NGURI-URI PARIBASAN JAWI karya Iman Budhi Santosa, penerbit Intan Pariwara.

.

Dftr Isi 2 Panguri Paribasan Jawi- Iman BS cmprs

.

Dftr Isi 3 Panguri Paribasan Jawi- Iman BS cmprs

Dftr Isi 4 Panguri Paribasan Jawi- Iman BS cmprs

.

 

 

One response to this post.

  1. […] Budi Pekerti Bangsa “ ( 2008 ) ” Nasihat Hidup Orang Jawa “ ( 2010 ) ” Nguri-Uri Paribasan Jawi “ ( 2010 ) ” Saripati Ajaran Hidup Dasyat dari Jagad Wayang “ ( 2011 ) ” […]

    Reply

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: